Sony Xperia T3 - Ngendhalekake aksesori lan setelan nganggo Smart Connect

background image

Ngendhalekake aksesori lan setelan nganggo Smart Connect

Gunakake aplikasi Smart Connect kanggo nyetel apa sing kedadeyan ing piranti nalika

sampeyan nyambung utawa medhot aksesori. Contone, sampeyan bisa nemtokake

supaya aplikasi radio FM mesthi wiwit yen headset disambungake.
Sampeyan uga bisa nggunakake Smart Connect kanggo nemtokake mlakune tumindak

utawa gugus tumindak kusus ing piranti ing wektu-wektu tartamtu sedina. Contone,

nalika sampeyan nyambung headset antarane jam 7 esuk nganti 9 esuk, sampeyan bisa

nemtokake yen:

Aplikasi "WALKMAN" wiwit.

Panjlajah web mbukak koran esuk.

Volume bel disetel kedher.
Nganggo Smart Connect, sampeyan uga bisa ngatur aksesori kayata SmartTags lan

SmartWatch. Delenga Tuntunan pangguna aksesori kusus yen arep ngerti katrangan

liyane.

1

Tutul kanggo nuduhake kabeh piranti sing ditambahake

2

Nambah piranti utawa acara

3

Ndeleng opsi menu

4

Tutul kanggo nuduhake acara sing ditambahake

5

Tutul kanggo ngaktifake acara

6

Tutul kanggo ndeleng acara

103

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggawe prastawa Smart Connect

1

Saka Layar ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul .

2

Yen sampeyan lagi sepisan mbukak Smart Connect, tutul

OK kanggo nutup layar

pambuka.

3

Ing tab

Acara/Prastawa, tutul .

4

Yen sampeyan lagi sepisan gawe prastawa, tutul

OK maneh kanggo nutup layar

pambuka.

5

Tambahake kahanan sing sampeyan karepake dadi sebab kedadeyane prastawa.

Kahanan kasebut bisa arupa sesambungan karo aksesori, utawa let wektu kusus,

utawa kalorone.

6

Tutul yen arep terus.

7

Tambahake apa sing sampeyan karepake kedadeyan nalika nyambung aksesori,

banjur gawe setelan liya kaya sing dikarepake.

8

Tutul yen arep terus.

9

Temtokake jeneng prastawa, banjur tutul

Rmpng.

Kanggo nambah aksesori Bluetooth®, pisanane sampeyan kudu nggathukake karo piranti

sampeyan.

Ngowahi prastawa Smart Connect

1

Wiwiti aplikasi Smart Connection.

2

Ing tab

Acara/Prastawa, tutul salah siji prastawa.

3

Yen prastawa dipateni, seret silder menyang tengen kanggo nguripake.

4

Tutul

Owahi, banjur pasake setelan kaya sing dikarepake.

Mbusak prastawa

1

Wiwiti aplikasi Smart Connection.

2

Ing tab

Acara/Prastawa demek terus prastawa sing arep dibusak, banjur tutul

Busak acara.

3

Tutul

Busak kanggo ngonfirmasi.

Sampeyan uga bisa mbukak prastawa sing arep dibusak, banjur tutul >

Busak acara >

Busak.

Ngatur piranti

Gunakake aplikasi Smart Connect kanggo ngatur akeh aksesori cerdas sing bisa

disambungake menyang piranti, kalebu SmartTags, SmartWatch lan Smart Wireless

Headset pro saka Sony. Smart Connect ngundhuh kabeh aplikasi sing dibutuhake lan

uga nemokake aplikasi pihak katelu yen kasedhiya. Piranti sing nyambung sadurunge

dituduhake ing dhaptar supaya sampeyan bisa entuk informasi luwih lengkap babagan

fitur saben piranti.

Masangake lan nyambungake aksesoris

1

Wiwiti aplikasi Smart Connection. Yen sampeyan mbukak Smart Connect kaping

pisanan, tutul

OK kanggo nutup layar pambuka.

2

Tutul

Piranti, banjur tutul .

3

Tutul

OK kanggo miwiti golek piranti.

4

Ing dhaptar kasil tlusur, tutul jeneng piranti sing pengin ditambahake.

Ngatur setelan kanggo aksesoris sing nyambung

1

Pasangake lan smabungake aksesoris karo piranti.

2

Wiwiti aplikasi Smart Connection.

3

Tutul

Piranti, banjur tutul jeneng aksesoris sing nyambung.

4

Atur setelan sing dipengini.