
Nggunakake piranti minangka dhompet
Sampeyan bisa nggunakake aplikasi lan layanan dhompet supaya bisa nyimpen kertu
kridhit, kertu debit, lan informasi liyane ing piranti dadi bisa mbayar barang-barang tanpa
kudu ngrogoh dhompet sing tenanan. Sampeyan bisa nyimpen informasi bab tawan
kusus ing piranti.
Supaya bisa tetuku barang nganggo piranti seluler sampeyan, pisanan sampeyan kudu
ndhaptar ing layanan pambayaran liwat dhompet. Layanan kasebut bisa ditawani dening,
contone, Google utawa operator jaringan sampeyan. Informasi sajangkepe babagan
layanan dhompet iki bisa digoleki saka operator jaringan sampeyan. Ngenani Google
Wallet™ bisa sampeyan waca sapepake ing http://support.google.com/wallet/ .
Layanan pambayaran seluler menawa durung sumadhiya ing kabeh dhaerah.
105
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.