Sony Xperia T3 - Informasi hukum

background image

Informasi hukum

Sony D5102/D5103/D5106

Pandhu pangguna iki diterbitake dening Sony Mobile Communications AB utawa perusahaan afiliasine, tanpa

garansi babar pisan. Pangapikan lan panggentian ing Pandhu pangguna sing dianggep perlu amarga ana

kesalahan panulisan, isi informasi sing ora akurat, utawa pangapikan program lan/utawa peralatan, bakal

ditindakake dening Sony Mobile Communications AB sawayah-wayah lan tanpa kabar. Nanging, panggentian

kasebut bakal digabung karo edisi anyar Pandhu pangguna iki. Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan

ora kanthi nyata nggambarake piranti.
Kabeh jeneng produk lan jeneng perusahaan sing disebutake ing kene minangka merek dagang utawa merek

kadhaptar pamilik. Kabeh merek dagang liyane minangka properti saka pamilike dhewe-dhewe. Hak liyane sing ora

disebutake ing kene tetep kajaga. Bukak

www.sonymobile.com/us/legal/ kanggo informasi sing luwih akeh.

Pandhu pangguna iki bisa uga ngrujuk layanan utawa aplikasi sing diwenehake dening pihak katelu. Panggunaan

program utawa layanan kasebut perlu registrasi dhewe karo panyadhiya pihak katelu lan bisa uga tundhuk karo

katemtuan panggunaan tambahan. Kanggo aplikasi sing diakses ing utawa liwat situs web pihak katelu, waca

dhisik sarat panggunaan lan kabijakan privasi sing ditrapake situs web kasebut. Sony ora njamin utawa menehi

garansi babagan kasadhiyan utawa kinerja samubarang situs web katelu utawa layanan sing ditawakake.
Piranti seluler sampeyan duwe kemampuan kanggo ngundhuh, nyimpen, lan nerusake isi tambahan, contone,

dering. Panggunaan isi kasebut bisa uga diwatesi utawa dilarang dening hak pihak katelu, kalebu nanging ora

winates ing watesan saka undang-undang hak cipta sing ditrapake. Sampeyan, lan dudu Sony, sing tanggung

jawab kanggo kabeh tambahan isi sing diundhuh utawa diterusake saka piranti ponsel. Sadurunge nggunakake isi

tambahan, verifikasi manawa panggunaan sampeyan wis dilisensi kanthi bener utawa wis diijini. Sony ora njamin

akurasi, integritas utawa kualitas samubarang isi tambahan utawa isi pihak katelu liyane. Ing samubarang kondhisi

Sony ora tanggung jawab marang panyalahgunaan isi tambahan utawa isi pihak katelu liyane.
Bukak

www.sonymobile.com kanggo informasi sing luwih akeh.

121

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Produk iki kajaga dening hak properti intelektual tartamtu saka Microsoft. Panggunaan utawa panyebaran teknologi

kasebut ing sanjabane produk iki dilarang tanpa lisensi saka Microsoft.
Pamilik isi nggunakake teknologi manajemen hak digital Windows Media (WMDRM) kanggo njaga properti

intelektuale, kalebu hak cipta. Piranti iki nggunakake piranti lunak WMDRM kanggo ngakses isi sing kajaga

WMDRM. Yen piranti lunak WMDRM gagal njaga isi, pamilik isi bisa njaluk Microsoft njabut kemampuan piranti

lunak kanggo nggunakake WMDRM kanggo muter utawa nyalin isi sing dijaga. Pambatalan ora mengaruhi isi sing

ora kajaga. Yen sampeyan ngunduh lisensi kanggo konten sing dilindhungi, berarti sampeyan setuju manawa

Microsoft bisa ngemot dhaptar panjabutan karo lisensi kasebut. Pamilik isi bisa njaluk sampeyan ningkatake

WMDRM kanggo ngakses isine dheweke. Yen nolak ningkatake, sampeyan ora bisa ngakses isi sing mbutuhake

paningkatan.
Produk iki dilisensi karo MPEG-4 visual lan lisensi portofolio paten AVC kanggo panggunaan pribadi lan non-

komersial kanggo (i) enkoding video sing selaras karo standar MPEG-4 visual ("MPEG-4 video") utawa standar AVC

("AVC video") lan/utawa (ii) dekoding video MPEG- 4 utawa AVC sing dienkode dening konsumen sing melu

kegiatan pribadi lan non-komersial lan/utawa dipikolehi saka panyedhiya video sing dilisensi dening MPEG LA

kanggo nyedhiyani video MPEG-4 lan/utawa AVC. Ora ana lisensi sing diwenehake utawa disetujoni kanggo

panggunaan liyane. Informasi tambahan kalebu sing ana gandhengane karo panggunaan promosi, internal lan

komersial sarta lisensi bisa dipikolehi saka MPEG LA, L.L.C. Waca

www.mpegla.com. Teknologi dekoding audio

MPEG Layer-3 dilisensi saka Fraunhofer IIS and Thomson.
SONY MOBILE ORA TANGGUNG JAWAB YEN ANA SING ILANG, BUSAK LAN/UTAWA TINDHES DATA

PRIBADHI UTAWA FILE SING DISIMPEN ING PONSEL (KLEBU NING ORA WINATES MENYANG KONTAK, TREK

MUSIK LAN POTO) SAKA UPDATE PIRANTI SAMPEYAN NGANGGO METODE SING KASEBUT ING PANDHU

PANGGUNA UTAWA DOKUMENTASI. SONY MOBILE LAN PANYEDHIYANE ORA TANGGUNG JAWAB APA-APA

MARANG KABEH KARUSAKAN, KELANGAN LAN DHASAR HUKUM (ING KONTRAK UTAWA TUMINDAK SING

MARAI KERUGIAN MARANG WONG LIYA, KALEBU, NANGING ORA WINATES MENYANG SEMBRONO UTAWA

LIYANE) SING NGLUWIHI REGA SING DIBAYAR KARO SAMPEYAN KANGGO TUKU PIRANTI.
©Sony Mobile Communications AB, 2014.
Kabeh hak dilindhungi undang-undang

122

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.