Sony Xperia T3 - Mengiloni layar piranti sacara nirkabel ing TV

background image

Mengiloni layar piranti sacara nirkabel ing TV

Sampeyan bisa nggunakake fitur Pangilonan layar kanggo nuduhake layar piranti

sampeyan ing TV utawa layar sing amba tanpa nganggo sambungan kabel. Teknologi

Wi-Fi Direct™ nggawe sambungan nirkabel antarane rong piranti supaya sampeyan bisa

nglaras nyengsemi foto-foto kasenengan sampeyan sinambi teturon kepenak. Sampeyan

uga bisa nggunakake fitur iki kanggo ngrungokake musik saka piranti liwat speaker TV.

TV sampeyan kudu ndhukung pangilonan layar adhedhasar Wi-Fi CERTIFIED Miracast™

supaya fungsi sing digambarake ing ndhuwur bisa laku. Yen TV sampeyan ora ndhukung

pangilonan layar, menawa kudu tuku adaptor layar nirkabel dhewe.

Nalika nggunakake pangilonan layar, kualitas gambar kadhangkala bisa kena pengaruh negatif

yen ana gangguan saka jaringan Wi-Fi® liyane.

Mengiloni layar piranti ing layar TV

1

TV: Turuti prentah ing Tuntunan pangguna supaya TV nguripake fungsi

pangilonan layar.

2

Piranti: Saka Layar ngarep, tutul .

3

Temokake banjur tutul

Setelan > Konektivitas Xperia™ > Pangilonan layar.

4

Tutul

Uripake Pangilonan layar banjur pilih piranti sing sampeyan karepake dadi

pengilon layar.

Nalika nganggo pangilonan layar, aja nutupi area antena Wi-Fi ing piranti.

TV sampeyan kudu ndhukung pangilonan layar adhedhasar Wi-Fi CERTIFIED Miracast™

supaya fungsi sing dipratelakake ing ndhuwur mau bisa laku.