Sony Xperia T3 - Ngrakit

background image

Ngrakit

Plastik pelindhung dipasang ing layar. Lembaran iki kudu diklethek sadurunge

nggunakake layar demek. Yen ora, layar demek ora bisa digunakake kanthi bener.

Nglebokake kertu SIM mikro

Gunakake bolpen sing pucuke lancip utawa alat sing meh padha kanggo nglebokake kertu

SIM mikro.

7

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Kanthi sisih mburi piranti madhep sampeyan, lebokake pucuk kuku ing

longkangan antarane slot kertu SIM mikro karo sisih mburi piranti, banjur uculi

tutup.

2

Kanthi kontak werna emas madhep sampeyan, lebokake kertu SIM mikro

menyang slote nganti krungu swara ngunci.

3

Pasang maneh tutup slot kertu SIM mikro .

Yen sampeyan nglebokake kertu SIM mikro nalika piranti murup, piranti bakal diwiwiti maneh

kanthi otomatis.

Nglebokake kertu memori

Gunakake bolpen sing pucuke lancip utawa alat sing meh padha kanggo nglebokake kertu

memori.

1

Lebokake pucuk kuku ing longkangan antarane tutup kertu memori lan piranti,

banjur uculi tutup kertu memori.

2

Lebokake kertu memori ing slot kertu memori, kanthi kontak werna mas madhep

sampeyan, banjur surung kertu memori nganti mlebu menyang slot lan krungu

swara ngunci.

3

Pasang maneh tutup kertu memori.

Nyopot kertu SIM mikro

8

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Copot tutup slot kertu SIM mikro .

2

Nganggo bolpen sing pucuke lancip utawa alat sing meh padha, penet kertu SIM

mikro menjero banjur copot kanthi cepet.

3

Tarik kertu metu kanggo nyopot sakabehe.

4

Pasang maneh tutup slot kertu SIM mikro .

Nyopot kertu memori

1

Pateni piranti lan copot tutup slot kertu memori.

2

Nganggo bolpen sing pucuke lancip utawa alat sing meh padha, penet kertu

memori menjero banjur copot kanthi cepet.

3

Tarik kertu metu kanggo nyopot sakabehe.